Karya Ku

Teks MC Jawa Akhirussanah Ponpes 'Inayatullah



Assalamu’alaikum Wr. Wb


Wonten ngersanipun poro ‘alim, poro ‘ulama’, poro kyai, poro bu nyai, poro habaib, sesepuh pini sepuh ingkang kaulo ta’dzimaken. Wabil khusus ngersanipun Bu Nyai Hj. Rohmah Asy’ari  selaku pengasuh pondok pesantren Al – Ma’sum Njapun Agung Tempuran Magelang wa ahli baitiha wa dzurriyyatiha.
Wonten ngersanipun Bpk K. Hamdani yusuf selaku pengasuh pondok pesantren ‘inayatullah ingkang kaulo ndereaken sedoyo dhawuh pangendikanipun, wa bil khusus ugi ngersanipun Bpk K.H Ali Shodiqin ingkang kito sedoyo tenggo dhawuh soho fatwanipun. Wonten ngersanipun poro habaib langkung – langkung wonten ngersanipun habib masyhur Ridlo Al-hasni, habib aqil al-qutban , habib ahmad al-qutban, habib abdullah assegaf ingkang satuhu kinabekten, poro kyai poro habaib sanes-sanesipun ingkang mboten saget kaulo sebat setunggal boko setunggal ingkang minulyo, poro rawuh bapak ibu hadirin hadirat ingkang satuhu kinormatan.
Alhamdulillah wonten kesempatan dalu meniko kito sedoyo tansah pinaringan pinten-pinten kenikmatan saking Allah SWT sehinggo kito sedoyo saget makempal berwujjahah wonten majlis ingkang insyaalah mubarokah kanti sehat wal ‘afiyat.
Sholawat soho salam kunjuk ngersanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang kito tenggo –tenggo syafaatipun mbenjang wonten yaumil qiyamah.
Hadirin hadirot ingkang satuhu kinormatan, pengaosan dalam rangka tasyakuran khotmil qur’an soho khotmil kutub santri putra putri pondok pesantren ‘Inayatullah sesarengan pembikaan pengaosan selapanan sabtu pahing pondok pesantren ‘Inayatullah inggal kawiwitan.
Langkung rumiyen kaulo aturaken rantaman titi laksono ingkang badhe kaleksanan wonten dalu meniko.
Adicoro ingkang sepindah pembikaan, dipun lajengaken adicoro ingkang ongko 2 prosesi hataman, minangkani adicoro ingkang ongko 3 inggih meniko sambutan atas nami keluarga besar pondok pesantren ‘inayatullah, dipun lajengaken adicoro ingkang kaping 4 wahosan sholawat simtuddurar, minggah adicoro ingkang kaping 5 wahosan ayat – ayat suci al-quran, minangkani adicoro ingkang kaping 6 mau’idlotul hasanah lan dipun lajengaken do’a soho penutup.
Hadirin poro rawuh ingkang kinormatan, minangkani purwakanipun acoro inggih meniko pembikaan, monggo kito bikak sesarengan acoro wonten dalu meniko kanti waosan surat al-fatihah, kanti pangajab mugi acoro ingkang badhe kaleksanan meniko saget berjalan kanti lancar lan leres-leres dados acoro ingkang manfa’at fiddin waddunya ilal  akhiroh, ‘ala hadzihinniyah al-fatihah...
Matur suwun. Dipun lajengaken adicoro ingkang kaping 2 prosesi  hataman, dene hal meniko bade dipun pandu dining petugas, dumateng petugas kaulo sumanggaaken.
Hadirin poro rawuh ingkang satuhu kinormatan, mekaten prosesi hataman sangking santri putra soho santri putri pondok pesantren ‘Inayatullah, mugi santri2 sedoyo pikantuk ilmu ingkang manfaat lan barokah. Amiiin..
Minggah adicoro ingkang kaping 3 sambutan atas nami keluarga besar pondok pesantren ‘inayatullah, ingkang badhe kaaturaken dumateng panjenenganipun Bpk. Kyai Chamdani yusuf, dumateng panjeneganipun wasono soho suwasono kaulo aturaken.
Mekaten dhawuh saking Bpk  Kyai Chamdani yusuf, mugi kito sedoyo saget pikantuk manfaat saking punopo ingkang dipun dhawuhaken.
Minangkani adicoro ingkang kaping 4 wahosan sholawat simtudduror ingkang badhe dipun ro’isi al-habib aqil al-qutban, dumateng panjenenganipun habib aqil kaulo aturaken.
Mugi kanti wahosan sholawat meniko saget nambahi raos mahabbah kito dumateng kanjeng nabi muhammad saw.
Dipun lajengaken adicoro ingkang kaping 5 wahosan ayat – ayat suci al-quran, dene wahosan ayat-ayat suci al-quran wonten dalu meniko bade kasampeaken panjenenganipun ustadz mohammad nabil, dumateng panjenganipun kasumanggaken.
Mugi kanti wahosan ayat2 suci al-quran meniko saget nambahi keimanan soho ketaqwaan kito sedoyo dumateng allah SWT.aamiiin...
Hadirin poro rawuh ingkang satuhu kinormatan, minangkani adicoro ingkang kaping 6 inggih mau’idlotul hasanah soho do’a. dene mau’idlotul hasanah soho do’a wonten dalu meniko badhe kaaturaken panjenenganipun Bpk K.H ali shodiqin saking semarang, dumateng panjenenganipun kanti sedoyo hormat kaulo aturaken.
Hadirin wal hadirot ingkang minulyo, mekaten punopo ingkang dados dawuh – dawuhipun Bpk K.H ali shodiqin, mugi kito sedoyo saget memetik hikmah manfaat saking punopo ingkang dipun dhawuhaken.
Bapak ibu ingkang satuhu kinormatan, kanti paripurnaniun mau’idloh hasanah soho doa, paripurno ugi acoro wonten dalu meniko. Kaulo minangkani pranoto acoro awal ngantos akhir bilih wonten kalepatan soho kekirangan saking atur lan tingkah kaulo, kaulo nyuwun agungi samudro pangaksami.
Minangkani adicoro ingkang terakhir inggih meniko penutup, monggo kaito tutup sareng2 acoro wonten dalu meniko kanti wahosan hamdalah.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin...
Saking kaulo, akhirul kalam
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar